Temanggung inggih menika salah
satunggalipun kutha alit ingkang edi peni dumunung ing tlatah Jawa Tengah .
Kutha menika dipun gapit gunung Sindoro kaliyan
gunung Sumbing , pramila hawanipun sejuk lan kathah tanduran ijo royo-royo .
Ing jaman kawuri Temanggung dipunwastani kabupaten Menoreh ingingkang sampun
madeg wiwit jaman Kraton Mataraman ,
pramila mboten mokal menawi kathahk peninggalan para awujud candhi , petilasan ,patedhan khas, adat
pakulinan , sandhangan lsp.
Salah satunggalipun peninggalan menika arupi
Sandhangan. Sandhangan tradisional inggih menika sandhangan ingingkang dipun
agem dening masyarakat miturut cara turun temurun . Ananging ing jaman ingingkang
serba modern kathah tiyang ingingkang
kesupen utawi mboten mangertosi babagan sandhangan tradisional daerahipun
piyambak-piyambak . Salah stunggale ya sandhangan tradisional Temanggung , mboten
kathah ingingkang mangertosi wujudtipun sandhangan tradisional Temanggung .
Pramila Himpunan Perias Indonesia Mlati Temanggung (HARPI Temanggung) nguri-uri
, nelisik lan netepaken sandhangan aran “PAES AGENG MLIWIS WANA “ minangka
sandhangan tradisional khas Temanggung , disahaken ing taun 2012 . Sandhangan menika
dipunpantha pantha dados 3 perangan / jenis : Busana Kaneman , Busana Kawredan , lan
Busana Penganten Paes Ageng Mliwis Wana .
A.Busana kaneman inggih menika busana ingkang
diagem dening bocah anem . Busana Kaneman kagem putra peranganipu saking nduwur
mengisor :
Iket – iketan : Kain werna cemeng diiketaken wonten
sirah lancip kiwa tengen , gadhai teges muntab muntabing emosi , lan kudu bisa mikir
kritis .
Surjan : Surjan polos werna ijo pupus ,
nggambarake sigrak seger .
Jarik : Jarik werna cemeng polos , modhel
wiru miring.
Selop : Werni cemeng utawi coklat.
Sabuk Kopel : Werni cemeng diagem ing jabane surjan
.
Menawi
busana kaneman kagem Putri saking nduwur mengisor :
Sangggul : Sanggul tekuk , nandhaake wanita ingkang
tasih rumaja / dereng karma.
Kebaya : Kebaya kutubaru segitiga polos werni
ijo pupus , nggambarake sinom ingkang seger , asri , sigrak.
Jarik : Jarik werni cemeng polos , pleret /
pinggiran jarik diketokake .
Selop : Selop wrni cemeng / ijo .
Aksesoris : Sampur werni kuning diginakake kados
sabuk , bros , suweng , kalung , lan sak panunggalane.
B.Busana Kawredan inggih menika busana ingkang diagem
dening tiyang ingingkang sampun dewasa . Wiwit saking karma dumugi sepuh .
Busana Kawredan Kakung saking nduwur dumugi ngisor :
Blangkon : Wujud ringkes saking iket ,werniipun
cemeng lan mboten wonten mondholanipun . Gadhahi filosofi bilih tiyang Jawa
menika alus lan pinter nyimpen perkawis.
Beskap : Kancingipun lurus , werniipun ijo tua
polos.
Jarik : Jarik ipun ngangge motif batik temanggungan , lan ketingan
pinggiran jarik.
Selop
/ Canela : Wernmiipun cemeng polos.
Keris : Kerisipun kados modhel solo , ageng werniipun coklat.
Aksesoris : Bros
ingingkang dipasang wonten sebelah tengen beskap.
Busana
Kawraden kagem setri :
Sanggul : Modhelipun konde nasional ,
nggambaraken bilih tiyang setri menika sampun karma.
Kebaya : Kebaya kutubaru motifipun kembang
kembang werna ijo enom lan tua . Motif menika damel mbedaaken kalih busana
kaneman putrid.
Jarik : Jarik ipun motif batik temanggunhan ,
lan ketingan pleret utawi pinggirian jarik.
Selop : Werniipun ijo utawi cemeng.
Aksesoris : Cundhuk (damel pembeda antaranipun
rumaja kaliyan dewasa), Bros , kalung , anting , lsp.
C.Busana
pengantin “Paes Ageng Mliwis Wana” ingkangge Kakung :
Blangkon : Werniipun
cemeng wonten pleretipun prada lan bros ing tengah.
Beskap : Beskapipun werni ijo enom lan wonten motif kembang ing
sekitar kancing beskap.
Suwal : Polos werni ijo enom .
Jarik : Jarikipun motif temanggungan , dipun agem miring kados paes
ageng kraton Yogyakarta.
Selop : Werniipun ijo enom polos.
Keris : Kerisipun kados model solo alit lan lancip.
Aksesoris : Kalung
mlati , bros lsp.
Busana
pengantin “Paes Ageng Mliwis Wana” ingkangge pinanganten putri :
Sanggul : Modhelipun sanggul tekuk .
Kebaya
: Kebaya kartini / broklat werni ijo . kamisolipun wereni
kuning.
Jarik : Jarikipun motif temanggungan , dipunketingalaken pleret /
pinggiran jarik .
Selop : Werniipun ijo enomwonten hak ipun.
Aksesoris : Cundhuk
mentul (5 ) , mlati rinonce , riasan paes , bros , kalung , ali ali ,
anting lsp
Temanggung menika caket kaiyan
Daerah Istimewa Yogyakarta , ananging nggih kathah corak Surakartanan .
Ndadosaken budaya utawi corak sandhangan kathah dipengaruhi Yogyakarta lan
Surakartanan . Istilahipun busana perpaduan , ananing tetep gadhah cirri khas ,
werni ijo nggambaraken yen kutha Temanggung menika kutha ingkang “Ijo royo
royo” tegese kathah hasil bumi arupi wit witan saking Temanggung . Ingingkang
Sampun kawentar inggih menika taneman mbako. Ing jaman sakmenika para seniman
seniwati nyiptaaken motif Temanggungan kayata batik Mbako lan Jaran Kepang
. Mugi mugi napa ingingkang sampun
disahke dening HARPI Temanggung lan inovasi inking sampun dilaksanaaken dening
seniman seniwati Temanggung saget dados kawigatosan lan saget maedahi
kagem kita sedaya . Isina ! Ngaku wong
Temanggung ananging ora ngerti budaya Temanggung .
Mlaku mlaku nang Ngadirejo
Ketemu bocah wadon dodol kaca
Ayo pada nguri uri budaya
Kareben ora direbut manca
Kak tolong disertakan gambar pakaian adatnya dong kak.. Please.. Untuk dibuat PPT
BalasHapusKak alangkah baiknya kalau dikasih gambar supaya kita bisa tau pakaian adat temanggung itu seperti apa..
BalasHapus